Teks Pembawa Acara Pengajian Bahasa Jawa Mudah Dihafalkan

Teks Pembawa Acara Pengajian Bahasa Jawa Mudah Dihafalkan

Konten [Tampil]

Teks Pembawa Acara Pengajian Bahasa Jawa Mudah Dihafalkan

Teks Pembawa Acara Pengajian Bahasa Jawa dan Sebagai orang Jawa yang hidup di kampung memang tak lepas dari kegiatan rutinan yang diadakan setiap bulan bahkan seminggu sekali, dimana program tersebut memang sudah berjalan sejak dari dulu.

 

Nah, kita sebagai warga yang ikut kegiatan tersebut kadang ditunjuk sebagai pembawa acara dan mau tidak mau harus menggunakan bahasa Jawa karena mayoritas orang yang mengikuti acara atau organisasi tersebut adalah para sepuh atau orang tua.

 

Diakui atau tidak kebanyakan generasi muda kesulitan jika menggunakan bahasa Jawa dibandingkan menggunakan bahasa Indonesia. Maka dari itu admin alchosilber.com membagikan contoh teks pembawa acara bahasa Jawa singkat agar mudah dihafalkan.

 

Susunan Acara Pengajian Akbar Dalam Rangkan Menyembut Bulan Suci Romadhan

 

Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:
Adicoro kaping setunggal inggih meniko: Pambuko

Adicoro kaping kalih inggih meniko: Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko: Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko: Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko: Penutup


Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.


Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan

Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 

Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

 

Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

 

Demikian Contoh Teks Pembawa Acara Pengajian Bahasa Jawa, materi ini saya posting sebagai pengalaman saya untuk mempersiapkan materi ketika menjadi MC atau pembawa acara dalam pengajian dalam rangka menyambut bulan suci romadhan.

 

Contoh teks MC bahasa Jawa singkat

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أََمَّا بَعْدُ

 

Wonten pangarsanipun poro Alim Ulama’, poro Kiai ingkang tansah kawulo mulyaaken soho kito derekaken menggah fata soho perjuanganipun.

 

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kawulo utamiaken

Moten kesupen sedoyo poro rawuh, wabil khusus Bapak Agung selaku taun rumah ingkang tansah kawulo hormati.

 

Sepindah

Monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kanikmatan, rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun. Sehinggo wonten dalu puniko kito takseh saget rawuh wonten puniko majlis dalam keadaan sehat walafiat ugi mbten wonten alangan setunggalpunopo.

 

Mugi-mugi acara dalu puniko saget manfaati kagem kito sedoyo, manfaat dunyo ugi manfaat akhirat amin ya robbal alamin.

 

Kapingkalihipun

Sholawat ma’a salam kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad Rosulillah SAW. Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko. Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Wonten mriki kuwulo minagkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acara engkang kalampah sak mangke:

  1. Nomer setunggal inggih puniko Pembukaan
  2. Nomer kalih inggh puniko Wosan ayat-ayat suci Al-qur’an (tahlil)
  3. Nomer tigo inggih puniko Sambutan
  4. Nomer sekawan inggih puniko Do’a
  5. Soho nomer tarahir inggih puniko Penutup

 

Wangsul dumatang acoro engkang nomer sepindah inggih puniko pembukaan. Manggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab, ‘ala hadiniyyah alfatihah…

 

Matursuwon

Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh inggeh puniko wosan Ayat-Ayat suci al-Qur’an (tahlil) dumateng panjenenganipun bapak Ali. Wekdal kulo sumanggaakaen…

Meniko kala wau wosan Ayat-Ayat suci Al-Qur’an mugi-mugi saget mbarokahi kagem kita sedaya. Amin

 

Acoro ingkang kaping tiga enggeh puniko sambutan, dumateng panjenenganipun bapak Syahid, wekdal kula aturi sumonggo………………………..

Mekaten kolo wau sambutan saking bapak Syahid.

Kita lajengaken acoro ingkang kaping sekawan inggeh puniko do’a, dumateng bapak KH. Lutfi, kulo aturi sumanggo.

 

Acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acara waonten dalu puniko kita tutup kanti waosan hamdalah ugi Alfatihah…..

 

Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.

 

وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

*Silahkan Kembangkan sendiri jika acara sedikit berbeda….

ARTIKEL LAINNYA