MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo Inggil Yang Benar

MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo Inggil Yang Benar

Konten [Tampil]

MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo Inggil Yang Benar

Berikut ulasan singkat bagi seorang MC pada saat hendak manggung. MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo Inggil Yang Benar.

 

Percaya Diri

Dengan membawakan acara secara PeDe akan menghasilkan suara dan intonasi yang baik tidak ada irama getar grogi yang memasuki sound system atau tata suara.

 

Kuasai Acara

Seorang MC mustinya telah membekali diri dengan perangkat informasi nama pangkat jabatan beserta siapakah yang menjadi audiens atau para tamu yang hadir pada acara kegiatan.

 

Pengetahuan yang komprehensif akan memaksimalkan dalam pemilihan kata dan menghindarkan dari jeda kalimat karena perlu bertanya tentang apa maupun siapa.

 

Tetap tenang dan Tersenyum

Dalam kondisi seperti apapun seorang mc perlu mencitrakan diri dalam kondisi yang tersenyum dan tenang serta nampak mampu menghandle acara dengan baik.

 

Kepanikan seorang mc akan membawa dampak psikologis peserta yang bingung dan menjadi sejarah tonggak kurang bagus bagi sang MC.

 

Jangan Salah Kostum

Tidak perlu banyak dikatakan kenapa jangan salah kostum.

Berdoa. Manusia berusaha Tuhan yang menentukan, selamat menjadi master of ceremony.

Sebenarnya masih panjang yang akan ditulis, tapi nanti malah beda isi dan judul.

Berikut contoh teks MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo pernikahan mantenan.

 

MC Bahasa Jawa Pernikahan Jowo Halus Kromo

Bismillahir-rahmanir-rahim.
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti.

 

dhumateng pepoyaning kautaman ingkas pantes pinundhi, para pangemban-pangembating praja, satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.

 

Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi, minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budhi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

 

Mradapa awit saking keparengipun Bapak _ sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.

 

Nun inggih panjenenganipun Bapak: netepi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta Roro: kajatu krami Bagus: ___.

 

Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananipun sedya ing hari kalenggahan punika purwa madyawasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambikala.

 

Para rawuh saha para lenggah, sakderengipun kula

Pratelan Pahargyan (Adhicoro 2)

Assalamu ‘alikum Wr. Wb.

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho kinabekten.

 

Dumateng poro sarjono sujaning budi, poro pangemban pangembating projo, poro satriyaning nagari ingkang minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

 

Poro alim ulomo ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi. Poro baroyo wiro wiyoto ingkang marsudi ing reh kridaning budoyo menyang karyo.

 

Poro purnokaryo labet projo ingkang mahambek luhuring darmo, miwah poro kadang sutresno mudo werdo ingkang pantes sinudarsono, punopo dene poro tamu kakung miwah putri ingkang dahat kalinggo murdoning akrami.

 

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksomo mugi pinarengo kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro, dwaraning kondo, nun inggih mradopo wit saking keparengipun Bapak: ___ Kawulo piniji hanjejeri minongko pangendali woro, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksono adicoro pawiwahan prasojo ing ratri kalenggahan puniko.

 

Sakderengipun kawulo ngaturaken menggah reroncening toto adicoro, kinaryo hamurwani lekas wekasing karti gatining karyo, murih purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising rubedo nir ing sambikolo, sumonggo langkung rumiyin kawulo derekaken sami manungku pujo, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung.

 

Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan sedoyo dalasan kawulo, sahinggo kito saget hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci soho keperluan rawuh kempal manunggal wonten sasono pawiwahan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bapak: _ anggenipun netepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepoko mulyo hamiwoho putro mahargyo siwi tetepo winengku ing suko basuki.

 

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih: __

Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasono rinenggo.

 

Tanggap risang duto pametuk dupi hamirsani atmojo temanten putri lenggah anggono raras, tumunten bidal dumateng paleremanipun puro temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dumateng sasono pawiwahan.

 

Saksampunipun putro temanten kakung rawuh wonten ing sasono rinenggo, tumunten kalajengaken adicoro pasrah panampi.

 

Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken daup panggihipun putro temanten anut satataning adat widi widono ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upocoro krobongan.

 

Madyaning suko ing kalenggahan meniko mboten kekilapan kadang besan sutresno, lekasing sedoyo ugi nderek mangyu bagyo keparengipun ingkang hamengku gati, milo lajeng manjing wonten pawiwahan, ginarubyuh sagunging poro kadang santono, tumunten kalajengaken upocoro sungkeman.

 

Ing saklajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantoro sakperlu ngaturaken pambagyo harjo katur panjenenganipun sagunging poro tamu.

 

Paripurno atur pambagyo harjo temanten sarimbit bade kalengseraken saking madyaning sasono wiwoho manjing sasono busono saperlu rucat busono kanarendran, santun busono kasatriyan.

 

Saksampunipun temanten sarimbit paripurno angagem busono kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantoro poro tamu saperlu nyenyandang pudyastowo mrihwidadaning bebrayan. Wondene minongko pratondo paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo tumuju wiworo pawiwahan, tondo yekti pawiwahan sampun paripurno.

 

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang saklajengipun keparengo poro tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih miwah kulo derekaken hangrantos tumapaking adicoro, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing saking paguyuban: ingkang dipun pangarsani Bapak: _

 

Mekaten, nuwun, nuwun, matur nuwun

demikian contoh tentang MC bahasa jawa pernikahan yang dapat dijadikan sebagai panduan atau acuan dalam membawa acara bahasa jawa dalam acara walimahan atau walimatul ursy ngunduh mantu.

 

sugeng sonten, wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

ARTIKEL LAINNYA